Botanix – Sawijining jurnal perkawis taneman kalihan nanem

Edisi Basa Jawi

Palem Parajubaea torallyi (Palma Chico, Kelapa redi Bolivia)

Parajubaea torallyi sapunika palem ingkang kiyat saking Amerika Selatan. Namung, palem awis dibudidayaake kalihan tukang budidaya saking njawi habitat aslinipun, Bolivia, amargi winihipun ingkang ukuranipun ageng (ingkang artinipun biaya ngirimake barang ingkang ugi inggil.

Asalipun saking Bolivia, taneman punika tuwuh wonten ing lingkungan garing saha kathah bledugipun, wonten jegongan Andean wonten inggilipun 2700–3400 m inggilipun laut. Saengga, palem niki sapunika salah setunggalipun spesies palem wonten donya ingkang tuwuh wonten panggenan paling inggil. Suhu wonten inggilipun punika awis ngantos sainggilipun 20 oC saha hawa beku wonten dalu mboten awis kedadosan wonten inggilipun punika. Suhu asring dhawah ngantos –7oC ngantos antawis wulan-wulan mangsa asrep (Juli kalihan Agustus) sarta curahipun jawoh taunanipun namung 550 mm.

Daya kiyatipun kalihan mangsa ketiga, panas, asrep, beku, sarta kahanan ingkang mboten sae sanesipun, sarta kiyatipun kagem njagi wewujudanipun tetep sae, ndadosake palem legendaris niki mboten namung gadhah potensi ageng minangka taneman hias, namung sami saged dados salah setunggalipun palem hias ingkang paling diucali kagem dhaerah ingkang suhunipun panas kalihan subtropis. Wonten dhaerah beku, taneman niki mbetahake pangayoman mangsa asrep kalihan nyimpanipun ingkang kaayom saking beku. Dilaporake menawi wonten Eropa suhu beku diwiwiti saking –3°C. Suhu paling cendek ingkang saged dipanggeni taneman niki sapunika –8 ° C. Taneman niki ngrontoki ron-ronipun namung tetep saged tahan gesang sarta rikala mangsa semi ron-ronipun nembe ketingal.

Wonten ing Bolivia, palem niki tuwuh ngantos gadhahi inggil 14 m kalih diameter pangipun 25–35 cm. Palem ingkang yuswanipun 100 taun utawi langkung, tuwuh ngantos gadhah inggil 30 cm kalihan diameter pangipun 50 cm. Pucuk ingkang sae gadhah antawis 20 ron kalihan pinten-pinten gadhah panjang ngantos 5 m! Namung taneman ingkang tuwuh wonten ing njawi Bolivia ukuranipun langkung alit.

Wonten kalih populasi ingkang benten wonten habitat aslinipun ingkang dibentenake didasarake ukuran woh kalihan dikelompokake minangka kalih varietas ingkan benten, ingkangwohipun alit P. torallyi var. microcarpa saha ingkang wohipun ageng punika P. torallyi var. torallyi. Sanadyan ketingalipun mboten wonten benten ing wujud, ukuran var. microcarpa langkung alit namung saking segi adaptasi kalihan kekiyatanipun tebih benten. Winihipun gadhah reputasi ingkang sae wonten ing nyambahi. Sanadyan wekdal nyambahinipun mboten temtu, namung wonten wekasanipun winih lajeng angsal tunas ingkang gampil rikala dipanggenake wonten ing kahanan ingkang kirang sae, kados wonten ing wadah nyambahi, dikom dangunipun sapalih wekdal ingkang dibetahake, punapa dijarake wonten ing panggenan jenes. Kalihan gemati ingkang layak, wonten ing iklim asrep ngantos subtropis kalihan tropis, cambah lajeng ngantos cepet ngembang inggil, gadhah pang kokoh,pucuk memper kok bulu tangkis kalihan ron ingkang lapis-lapis. Daya tahanipun kalihan lingkungan garing, panas, asrep, saha kahanan mboten sae sanesipun, sarta kiyatipun ngopeni tampilan ingkang sae, nyebabake palem legendaris niki kasebut-sebut mboten namung gadhah potensi ingkang inggil minangka taneman hias, namung sami dados palem ingkang diucali kagem dhaerah ingkang temperaturipun anget utawi subtropis.

Parajubaea torallyi sapunika taneman hias populer saha asring ditanemi wonten taman punapa iringipun trotoar. Wonten ing Ekuador kalihan Kolombia Selatan, Parajubaea cocoides asring ditanem wonten inggilipun 2500 ngantos 3000 meter – palem sapunika jinisipun ingkang tuwuh alon kalihan kirang tahan kalihan hawa beku. Namung amargi ketingal memper kalihan Parajubaea torallyi kalihan habitat aslinipun mboten dipirsani, lajeng palem niki kasebut minangka kultivar saking Parajubaea torallyi.

Spesies paling alit palem niki sapunika Parajuba sunkha ingkang sampun ditepangi wonten ing taun 1996. Palem punika namung tuwuh kalihan inggilipun 8 meter sarta muncul wonten lembah Andean wonten daherah Vallegrande, wonten ing distrik Santa Cruz wonten Bolivia wonten inggilipun 1700–2200 m. Palem punika sampun kelentun diidentifikasi minangka Parajubaea torallyi ngantos dilakokake penelitian taksonomi enggal saengga wekasanipun dinamiake minangka Parajubaea sankha.

Palem saking genus Parajubaea sapunika palem ingkang paling gampil dibudidaya. Metode nanem paling saenipun sapunika kalihan ngagem wiji. Namung, Panjenengan betah sabar sanget amargi wijinipun tuwuh tunasipun alon sanget sarta mboten temtu wonten ing alam bebas, saha mbetahake wekdal antawis setunggal sepalih taun kagem angsalake tunasipun. Pinten-pinten wiji wiwit nyambah wonten wekdal setunggal wulan, namung pinten-pinten sanesipun mbetahake wekdal setunggal utawi kalih taun kagem wiwit tuwuh tunasipun. Amargi palem sapunika spesies subtropis, lajeng langkung sae disimpen wonten ing suhu cendek, amargi suhu inggil (mboten kados kasus spesies palem sanesipun) ingkang mungkin saged maringi pengaruh negatif kalihan proses nyambahipun. Suhu inggil punika artosipun periode garing ingkang mboten cocok kagem nyambahipun.

Sadherengipun disebar, wiji kedah didhekek wonten toya kalihan suhu antawis 0 °C antawis 5 ngantos 7 dinten. Wiji saking varietas wiji ingkang ageng kedah disimpen wonten toya antawis kalih minggu. Toya kedah digantos saben dinten.

Ngekomake wiji wonten lebetipun toya dilakokake rikala nutup periode non aktif kalihan wiwitanipun mangsa rendheng ingkang sapunika mangsa paling cocok kagem nyambahake. Periode non aktif punika ginanipun ngayomi wiji kagem mboten tuwuh tunas antawis mangsa ketiga wonten ing Bolivia (mangsa asrep kedadosan wonten ing wulan Juni ngantos Oktober).

Salajengipun dikum, wiji kedah disebarake wonten lebetipun pot utawi kantong plastik – jagi supados namung sepalih saking winih ingkang katutup siti sarta simpen wonten ing suhu 10 ngantos 20 °C.

Bentenipun suhu antawis siang (inggil) kalihan dalu (cendek) maringi pengaruh ingkang positif kagem nyambahipun. Salajengipun wiji diseber, ampun maringi toya langkung kathah amargi kekathahan toya lajeng maprasake taneman enem. Bentenipun utami antawis budidaya Parajubaea toya kalihan spesies palem sanesipun punika ketahanan jinisipun kalihan suhu cendek sarta kabetahahan toya ingkang langkung sakedhik.

Salajengipun disebar, wiji kedah diperiksa saben tiga ngantos sekawan minggu kalihan wiji ingkang tuwuh tunasipun kedah disimpen wonten pot piyambak. Pinten-pinten penanem palem maringi wejangan perkawis wiji ingkang mboten tuwuh tunasipun wonten pot antawis wekdal enem wulan.

Berhentilah memberikan air kepada biji dan biarkan tanah kering selama beberapa bulan. Keluarkan biji dari tanah, letakkan kembali ke dalam air selama kira-kira seminggi kemudian tebarkan lagi.

Ampun maringi toya kalihan wiji sarta jarake siti ngantos garing antawis pinten-pinten wulan. Medalake wiji saking siti, dhekek malih wonten lebetipun toya antawis kinten-kinten setunggal minggu lajeng disebarake malih.

Wiji-wiji punika kedah wiwit tuwuh tunas wonten wekdal sepalih taun ngajengipun. Menawi pinten-pinten saking wiji-wiji punika mboten tuwuh tunasipun, wangsulake prosesipun lajeng wiji-wiji ingkang kasisa lajeng tuwuh tunasipun salajengipun mangsa jawoh salajengipun.

Tingkatake kasilan nyambahake wiji Parajubaea ngantos 100%, Panjenengan namung kedah cekap sabar, sarta jarake wiji-wiji inkang mbeler punika non aktif wonten ing mangsa ketiga!

Rikala Panjenengan angsal palem enem, lajeng palem punika lajeng awet, namung tetep emut kagem mboten maringi toya langkung kathah. Palem enem langkung cocok kalihan lingkungan menengah (wonten habitat aslinipun piyambakipun tuwuh wonten ngandapipun palem dewasa), namung taneman ingkang langkung sepuh mbetahake panggenan ingkang kengeng matahari.

Genus Parajubaea sapunika salah setunggalipun palem Amerika Selatan ingkang keancem punah. Sebab utaminipun sapunika habitat aslinipun sampun risak, pewiyaran papan tani, kayu ingkang kathah ditegori kalihan rusakipun amargi kewan ternak. Palem niki ketingal wonten ing dhaerah ingkang alit sanget, saengga mbetahake gemati ingkang langkung serius saha keancem punah. Amargi ukuran wijinipun ingkang ageng, kekiyatan nyebaripun wonten dhaerah enggal sami kawates. Kewan paling penting ingkang saged mbiyantu nyebaripun palem punika wonten dhaerah enggal sapunika tawon spektakuler (Tremarctos ornatus), namung kewan punika sami keancem punah amargi pedamelan manungsa.

Artikel saklajengipun: Nanem suket enggal »»»

Sabtu 23.12.2023 16:00 | Cetak | Palem

Perkawis KPR

Logo of KPR - Kelompok Tani Slowakia
KPR - Paguyuban Pambudidaya Taneman punika organisasi ingkang budidayaake taneman internasional. Waos selajengipun...
Dundumake pengalamanipun Panjenengan perkawis nanem taneman. Seratake artikel perkawis budidaya tanduran, tetanduran, nanem taneman kalihan sanesipun. Lajeng siarake wonten ing jurnal Botanix edisi basanipun Panjenengan. Hubungi dalem

Category: Sedanten Hama Jamur Konifer Palem Pelem Suket Taneman toya Tatacara datheng tuwuhipun taneman Tetanduran Tetanduran Eksotis