Botanix – Sawijining jurnal perkawis taneman kalihan nanem

Edisi Basa Jawi

Nanem jamur tiram (Pleurotus ostreatus)

Jamur tiram (Pleurotus ostreatus) saniki langkung populer saking jamur ingkang sampun kathah ditepangi (Jamur champignon)! Dibandingake kalihan jamur biasa, jamur tiram langkung kathah mbathiake – mboten saged dibingungake kalihan jinis ingkang beracun kados “death cap” (Phalloides amanita)

Jamur tiram (Pleurotus ostreatus) kathah gadhah vitamin, asam amino kalihan mineral, ingkang ngayomi sarira dumatheng dampak zat-zat ingkang beracun. Piyambakipun sami ndukung ngandapake tingkat kolesterol wonten ludira saha miguna kagem diagem wonten diet amargi gadhah kalori ingkang kedhik sanget. Sami diyakini menawi jamur punika ngandung zat-zat ingkang gadhah efek ingkang saged ngayomi dumatheng kanker.

Cara-caranipun nanem jamur tiram (Pleurotus ostreatus)

Nanem jamur tiram saged ngagem kalih cara – nanem wonten jerami wonten lebetipun kantong plastik, utawi wonten ing potongan-potongan (log) kayu.

Nanem wonten inggilipun jerami wonten lebetipun kantong plastik

Jerami kedah dicepakake langkung rumiyin. Kedah disterilake kagem mapras bakteri, lumut kalihan jamur sanesipun. Sterilisasi saged wonten kalih cara :

  1. Lebetake jerami wonten wadah ageng (ketel utawi drum bekas) lajeng lebetake toya ngantos saged nutupi jerami. Masak ngantos 1 jam kalihan suhu 100°C. Lajeng jarke jerami dados asrep ngantos suhu 20–25 °C.
  2. Cara ingkang kaping kalih (langkung gampil) sapunika : Lebetake jerami wonten wadah ageng (drum, dandang) lajeng lebetake toya umub wonten inggilipun. Jerami siap diagem menawi suhunipun sampun kirang ngantos 20–25 °C.

Saniki lebetake jerami kalihan miselium jamur wonten lebetipun kantong plastik ageng gentosan – lapisan jerami, lapisan miselium, lapisan jerami, lapisan miselium – salanjengipun. Setunggal kantong miselium cekap kagem jerami ingkang klomoh 15–20 kg (punika cocok sanget kagem kantong 50×100 cm). Menawi kantong sampun kebak, cencang bolongan kantong lajeng dhamelake sedasa bolongan saben bolongan panjangipun 2–3 cm wonten iringipun kantong.

Menawi Panjenengan nanem jamur tiram kalihan kelembaban hawa ingkang kedhik, Panjenengan saged dhamel namung pinten-pinten bukaan (mangkeh Panjenengan saged nambahake langkung kathah mboten saperlunipun) kagem ngendha jerami saking kegaringan. Salajengipun ditanem, kantong kedah didhekek wonten panggenan ingkang radi peteng saengga mboten langsung kengeng sunar srengenge.

Suhu ingkang ideal kagem tuwuhipun jamur tiram sapunika 15–25 °C. Langkung inggil suhunipun, langkung cepet jamur tiram saged tuwuh. (Sanadyan suhu-suhu ingkang langkung inggil dhamel toya wonten jerami langkung cepet garing.)

Amargi sebab punika, langkung sae nyocokake suhu kalihan kebetahan jamur tiram. Menawi jamur tiram ngasilake langkung kathah jamur saking ingkang diperluake wonten suhu wekdal tertemtu, simpen wonten panggenan ingkang langkung asrep. Menawi Panjenengan mbetahake langkung kathah jamur, simpen wonten panggenan ingkang langkung benter! Salajengipun 3 ngantos 4 wulan jamur tiram ngasilake jamur-jamur, saha amargi punika zat-zat ingkang wonten lebetipun kantong lajeng telas lajeng Panjenengan kedah dhamel kultur enggal (niki saged Panjenengan damel kalihan nyangkok malih jerami ingkang rumiyin). Setunggal kantong lajeng ngaturi Panjenengan antawis 2–4 kg jamur tiram.

Nanem wonten ing log kayu

Wonten ing donya, jamur tiram tuwuh wonten ing wit-witan ingkang eyup. Ngagem dasar niki, Panjenengan sami saged nuwuhake wonten ing pang/potongan kayu 30–80 cm. Panjenengan saged ngagem kayu saking pinten-pinten jinis wit eyup (ampun wit cemara!). Kayu mboten angsal langkung sepuh saking 6 wulan. Wonten kathahcara kagem nuwuhake jamur tiram wonten kayu. Wigatos sanget menawi jamur tiram nempel langsung kalihan kayu supados saged tuwuh. Lebetake 1/3 pang-pangipun miselium wonten lebetipun siti wonten panggenan ingkang eyup wonten kebon Panjenengan. Menawi garing sanget, paringi toya. Pang-pangipun kayu lajeng ngasilake jamur antawis periode 2–5 taun salajengipun (gumantung wonten nilai gizi pangipun).

Papan sadeyan miselium jamur tiram

««« Artikel sakderengipun: Nanem pelem saking wijinipun Artikel saklajengipun: Budidaya semanggi ron sekawan (Marsilea quadrifolia) »»»

Sabtu 23.12.2023 21:38 | Cetak | Jamur

Perkawis KPR

Logo of KPR - Kelompok Tani Slowakia
KPR - Paguyuban Pambudidaya Taneman punika organisasi ingkang budidayaake taneman internasional. Waos selajengipun...
Dundumake pengalamanipun Panjenengan perkawis nanem taneman. Seratake artikel perkawis budidaya tanduran, tetanduran, nanem taneman kalihan sanesipun. Lajeng siarake wonten ing jurnal Botanix edisi basanipun Panjenengan. Hubungi dalem

Category: Sedanten Hama Jamur Konifer Palem Pelem Suket Taneman toya Tatacara datheng tuwuhipun taneman Tetanduran Tetanduran Eksotis