Budidaya semanggi ron sekawan (Marsilea quadrifolia)
Semanggi Ron Sekawan (Marsilea
quadrifolia) sapunika tuwuhan pakis toya ingkang ron-ronipun ketingal kados
ron semanggi. Pripun miturut Panjenengan nami pakis toya kalihan semanggi mboten
sami sesambungan? Namung wangsulipun – kalih-kalihipun istilah punika
nerangake cirinipun tetaneman-tetaneman ingkang dekoratif sanget namung ringkes
mboten ditepangi wonten ing donyanipun nanem punika.
Semanggi Ron Sekawan gadhah oyot tinggal (rhizoma) ingkang panjang, ngemutake kita kalihan tali sepatu. Ron-ronipun ingkang kemambang wonten toya, tuwuh saking rhizoma. Ron-ronipun niki antawis saking 4 ler, kados semanggi ron sekawan. Menawi Panjenengan mendhet rhizoma-nipun saking lebetipun toya wonten mangsa gugur, pinten-pinten benda alit lajeng katingal (kados wiji kacang bucis alit). Sapunika sariranipun spora ingkang wonten lebetipun wonten spora – saking mrika dados simpulan menawi pang tuwuh-tuwuhan punika asalipun saking paku-pakuan. Semanggi Ron Sekawan tuwuh wonten lebet toya ingkang anteng, kathah bahan nutrisi, wonten ing sedaya benua, kejawi Amerika Selatan.
Wonten ing Amerika, tuwuhan niki dianggep minangka tuwuhan ingkang ngganggu (gulma). Wonten ing Slowakia, tuwuhan punika tuwuh wonten ing 7 panggenan ingkang benten wonten ing iringipun lepen Latorica. Rumiyin, piyambakipun ketingal wonten dhaerah lepen Bodrog, Laborec and Uh.
Wonten ing dhaerah-dhaerah tropis wonten pinten-pinten species punika, ingkang kadangkala ditanem wonten akuarium-akuarium.
Semanggi Ron Sekawan (Marsilea quadrifolia), ingkang saged dibudidaya, mboten taneman ingkang kathah syaratipun, kalihan sampun langkung cekap menawi ditanem wonten pot ingkang tetep diisi kalihan toya sarta siti kedhik wonten ngandapipun. Panjenengan saged nanem tuwuhan punika tanpa sisah wonten pot ingkang ukuranipun 20× 20×20 cm, lajeng ukuran ideal pot sapunika 60–80 liter utawi langkungipun. Panjenengan sami saged ngopeni tuwuhan niki wonten njawi griya sapanjangipun taun (amargi piyambakipun tahan hawa asrep mbeku). Amargi mboten tetaneman ingkang kathah tuntutanipun, sarta gampil ngembang, sinten kemawon saged nanemipun.
Semanggi Ron Sekawan punika lajeng tuwuh sae sanget wonten kolam kebon. Cekap lebetake siti sekedhik saking kebon Panjenengan wonten ngandapipun kolam – langkung dhekek rhizoma wonten lebetipun siti punika. Salajengipun punika, Panjenengan meh mboten kedhah maringi kawigatosan, amargi Semanggi Ron Sekawan saged ngrumati piyambakipun piyambak. Semanggi Ron Sekawan lajeng saegt cepet adaptasi wonten lebetipun toya namung kualitas toya mboten dipedulikake. Panjenengan saged nanem wonten pinten-pinten lebetipun (5–100 cm) – pang-pangipun taneman niki lajeng piyambakan manutake kalihan lebetipun toya ngantosron-ronipun ngambang wonten toya. Panjengan saged mbiyantu taneman punika nyebar kalihan misah-misahake oyot-oyotipun rhizoma-nipun. Satunggalipun rhizoma alit (antawis 10 cm) sampun langkung cekap kagem dhamel karpet Semanggi Ron Sekawan wonten inggilipun toya.
««« Artikel sakderengipun: Nanem jamur tiram (Pleurotus ostreatus) Artikel saklajengipun: Seroja India (Nelumbo nucifera) »»»
Sabtu 23.12.2023 21:41 | Cetak | Taneman toya
Perkawis KPR
Dundumake pengalamanipun Panjenengan perkawis nanem taneman. Seratake artikel perkawis budidaya tanduran, tetanduran, nanem taneman kalihan sanesipun. Lajeng siarake wonten ing jurnal Botanix edisi basanipun Panjenengan. Hubungi dalem
Category: Sedanten Hama Jamur Konifer Palem Pelem Suket Taneman toya Tatacara datheng tuwuhipun taneman Tetanduran Tetanduran Eksotis