Nanem suket enggal
Wonten ing Eropa, wekdal ingkang paling sae kagem nanem suket enggal utawi suket tambahan wonten plataran suket ingkang wonten sapunika saking wulan Mei ngantos Juni. Menawi jawoh kedhik sanget wonten ing mangsa semi, menawi Juli wekdal ingkang paling sae kagem nanem.
Nanem suket enggal
Panggenanipun Panjenengan badhe ditanemi suket enggal saenipun dikedhuk ngantos lebetipun antawis 10–15 cm. Panjenengan saniki saged ngratake siti ngagem piranti siti (ground rolling mill).
Saniki Panjenengan gadhah kalih pilihan:
a) Nyebar winih suket
Sapindah, Panjenengan kedah ngukur wiyaripun panggenan Panjenengan ingkang badhe disebari. Salajengipun etang pinten kathah winih ingkang Panjenengan betahake. Kedah dipunpirsani menawi Panjenengan badhe betah 25 gr winih saben 1 m². Sanesipun punika, Panjenengan betahake tambahan 25 gr kagem saben 10 m². Salajengipun, kedah diwigatosake menawi winihipun Panjenengan taksih seger rikala dipendhet amargi winih suket cepet keicalan daya tuwuh (germinasi). (Daya germinasi winih yuswa kalih taun, langkung cendek saking 50%.) Kedah sami diwigatosake pripun winih disimpen wonten toko (menawi winih taksih klomoh, utawi sampun wonten cambahipun, saenipun mboten dipundhut- saengga Panjenengan saged ngindari kuciwanipun ingkang mboten dikersani). Reginipun winih suket macem-macem saking 3 € / kilogram (gumantung saking jinisipun winih).
Pilih winih Panjenengan didasarake tujuan plataran Panjenengan (Panjenengan lajeng mlampah wonten ing inggilipun kemawon, dadosake panggenan kagem olah raga, utawi kagem kewan.) Tiyang-tiyang ingkang sadean ingkang saestu lajeng gadhah selebaran-selebaran ingkang migunani kagem mbiyantu Panjenengan milih winih saking antawis kathahipun pilihan winih ingkang wonten. Toko-toko ingkang sae lajeng maringi selebaran punika kagem tiyang tumbas menawi disuwun. Ampun nate mundhut winih tanpa informasi perkawis tujuan migunani winih punika.
Simpen winih wonten ing panggenan ingkang asrep, garing, salajengipun Panjenengan pundhut. Kita prembaake sanget supados Panjenengan mboten nyimpen winih langkung saking setunggal taun amargi daya tuwuhipun langkung ical. Sebarake winih wonten ing wulan Mei utawi Juni. Sadherengipun disemai, ngagem penggaruk, dhamel alur salebetipun 1 cm wonten siti. Salajengipun nyebar, rataake inggilipun siti (ngagem rollong mill upaminipun) lajeng semprot ngantos sae. Winih lajeng wiwit nyambah wonten wekdal 14 dinten. Rikala inggilipun suket antawis 10 cm, kedah dipapras kagem sapindah. Menawi Panjenengan kepanggih wonten ingkang ‘botak’ wonten plataran Panjenengan, Panjenengan saged sebarake winih ekstra wonten ing bagian inggil ingkang kosong punika. Menawi Panjenengan ngersaake karpet suket ingkang kandel saha sae, Panjenengan kedah mapras sapindah kaping kalih saben kalih minggu ngantos wulan September.
b) Gunakan tegel suket kagem plataran suket Panjenengan Cara niki langkung cepet, namung langkung awis. Wonten perkawis napa kemawon cara punika langkung mbathiake saking perkawis regi, amargi kathah sanget perusahaan nawaake tegel suket, kalebet masangake. Regi kagem tegel suket niki, kalebet masangake, werni-werni saking antawis 5 €/ m² (gumantung jinisipun tegel).
2. Nggulowentah plataran suket ingkang dangu
Resikake sadaya plataran saking ron kalihan suket garing saben mangsa semi (gumantung saking kahanan hawa wonten Eropa antawis Maret ngantos Mei). Salajengipun sebarake winih tambahan menawi dibetahake. Plataran suket niki mbok bilih lajeng “kajunjung” kalihan embun beku mangsa asrep sarta kalihan mekaten sapunika wekdal paling sae kagem ngrataake wonten mangsa semi.
Pangopenan plataran suket Panjenengan kedahipun didukung aliran hawa wonten siti ingkang sae. Kagem punika, Panjenengan saged ndhamel piranti prasaja piyambak. Pundhut sebilah papan kayu kandelipun 2–3 cm, tancepake paku ukuran 10 cm ngantos tembus wonten iring sanesipun. Kedah diwigatosake, letipun antawis paku punika 2–3 cm. Pasang gagang kayu kalihan piranti punika (inggilipun sami Panjenengan supados Panjenegan saged diasta ngantos sae).
Saniki, pundhut papan punika, dhekek wonten plataran suket (saljengipun mapras) lajeng pangadeg jejeg wonten inggilipun. Salajengipun punika, dudut malih kalihan wangsuli malih wonten sedaya plataran Panjenengan. Panjenengan sami saged ngagem penggaruk. Menawi Panjenengan kersa nyiram plataran suket Panjenengan, Panjenengan saged nglakokake salajengipun ndhamel bolongan hawa wonten ing plataran suket. Saniki, toya lajeng ngantos gampil nggranggeh oyot-oyot suket.
««« Artikel sakderengipun: Palem Parajubaea torallyi (Palma Chico, Kelapa redi Bolivia) Artikel saklajengipun: Pripun caranipun mapras suket wonten pekarangan Panjenengan ngantos sae? »»»
Perkawis KPR
Dundumake pengalamanipun Panjenengan perkawis nanem taneman. Seratake artikel perkawis budidaya tanduran, tetanduran, nanem taneman kalihan sanesipun. Lajeng siarake wonten ing jurnal Botanix edisi basanipun Panjenengan. Hubungi dalem
Category: Sedanten Hama Jamur Konifer Palem Pelem Suket Taneman toya Tatacara datheng tuwuhipun taneman Tetanduran Tetanduran Eksotis