Botanix – Sawijining jurnal perkawis taneman kalihan nanem

Edisi Basa Jawi

Pripun caranipun mapras suket wonten pekarangan Panjenengan ngantos sae?

Panjenengan kedah mapras suket pekarangan Panjenengan ngantos sae supados angsal suket ingkang kandel kados karpet. Mboten wonten tetaneman pinus ingkang bakal ketingal sae kalihan suket ingkang pejah wonten ing caketipun.

Sadherengipun mapras suket pekarangan, aturan punika saenipun diemutake—suket saged dipapras 1/3 bagian. Maksudipun, suket ingkang inggilipun 6 cm, dipapras ngantos 4 cm sarasan. Suket paling inggil punika antawis 2 ngantos 3 cm. Menawi dipapras cekak sanget, suket saged dados garing. Salajengipun dipapras,saenipun disiram kalihan toya sacekapipun (anatawis 10–15 I toya per 1 m²).

Wonten mriki kita ngagem kalih jinis mesin kagem mapras suket- jinis tradisional kalihan jinis ingkang biasa kasebut mesin pemapras suket-mulsa.

Mesin-mesin pemapras-mulsa mbotenmundhut potongan suket salajengipun mapras, namung mapras lajeng dibucal malih wonten pekarangan langkung sae. Ngagem cara niki, plataran suket Panjenengan diparingi pupuk otomatis saben sesi mapras. Namung sapunika, piranti-piranti kagem mapras punika mboten cocok menawi Panjenengan gadhah kolam renang, amargi suket-suketipun saged lajeng mlebet wonten kolam. Saengga, langkung sae ngagem piranti papras tradisional kalihan kotakipun, ingkang motong kalihan ngangkat potongan suket.

Wonten piranti-piranti papras suket rekadaya ingkang saged Panjenengan pilah kagem diagem punapa kalihan kotak pengempal utawi mboten.

Piranti-piranti niki cocok kagem plataran suket ingkang miringipun 15°. Menawi plataran suket Panjenengan wonten ing dhaerah ingkang jero, Panjenengan saenipun ngagem piranti papras genggem ingkang sami cocok kagem panggenan-panggenan ingkang sisah dicepeng woten antawis wit-witan utawi wonten pinggir-pinggir bendengan kembang.

««« Artikel sakderengipun: Nanem suket enggal Artikel saklajengipun: Punapa ingkang kedah ditindakake kalihan suket ingkang sampun dipapras? »»»

Sabtu 23.12.2023 20:48 | Cetak | Suket

Perkawis KPR

Logo of KPR - Kelompok Tani Slowakia
KPR - Paguyuban Pambudidaya Taneman punika organisasi ingkang budidayaake taneman internasional. Waos selajengipun...
Dundumake pengalamanipun Panjenengan perkawis nanem taneman. Seratake artikel perkawis budidaya tanduran, tetanduran, nanem taneman kalihan sanesipun. Lajeng siarake wonten ing jurnal Botanix edisi basanipun Panjenengan. Hubungi dalem

Category: Sedanten Hama Jamur Konifer Palem Pelem Suket Taneman toya Tatacara datheng tuwuhipun taneman Tetanduran Tetanduran Eksotis