Botanix – Sawijining jurnal perkawis taneman kalihan nanem

Edisi Basa Jawi

NOVODOR FC kagem mbrasta Kumbang Kentang Colorado

Kula kinten mboten kedah khusus nepangaake kumbang kentang Colorado (Leptinotarsa decemlineata) amargi sedaya tiyang sampun ngertos menawi kathahipun hama niki lajeng ngrisakake kentang sarta mboten mungkin ngendhani tanpa ngagem bahan kimia. Sawetawis punika, mboten wonten setunggal tiyang ingkang ngertos obat-obatan biologis ingkang saged kagem kumbang kentang Colorado.

Saking pundi asalipun?

Kumbang Kentang Colorado dugi saking Amerika Utara dhateng Eropa. Wonten mrika kumbang punika gesang utaminipun wonten skala kawates wonten dhaerah Cordillera lajeng piyambakipun nedha ron-ronan alasan. Riakala tiyang wiwitan nanem jinis kentang niki (nami botani: Solanum tuberosum) ageng-agengan wonten ing Amerika, Kumbang kentang Colorado ndherek pindah saking taneman kentang alasan wonten ing taneman kentang budidaya. Matur suwun kagem kentang, ingkang amargi Kumbang kentang Colorado sampun nyebar wonten ing sedaya donya.

NOVODOR FC – Kuda Troya milenium kaping tiga?

Novodor FC ngandung 2% protein bakteri Bacillus thuringiensis ssp. tenebroinis. Ras bakteri niki mboten kados sanesipun manawi mbrasta larva-larva saking keluargi Galerucinae (ingkang ngrisak wit-witan kados wit abu, wit alder sarta wit willow) kalihan kumbang kentang Colorado.

Obat niki nyebabake jinis larva ingkang disebutake kepidara. Salajengipun nedha ron ingkang disemprot, larva lajeng mandhek nedha saha 2–5 dinten salajengipun lajeng pejah amargi punika. Kagem larva-larva sanesipun,obat niki mboten ngracuni, mboten nyebabake risak ingkang tetep, dukah kagem ron-ronan utawi siti punika piyambak. Lajeng, larva-larva dipapras kagem obat niki namung rikala taksih enem sarta dhereng dewasa. Piyamabakipun sawangsulipun namung angsal diagem kagem larva ingkang enem sanget.

Kagem njamin ginanipun obat niki, larva mbetahake nedha asring sanget– saengga sami wigatos kagem nyemprotake bagian inggil kalihan ngandap ron ngantos atos-atos ngagem zam punika. Cara ingkang paling sae kagem nyemprot zat niki sapunika rikala mboten wonten angin sarta wonten suhu sainggilipun 15°C. Menawi kedadosan jawoh ngantos wekdal 12 jam salajengipun penyemprotan, lajeng kedah diwangsuli malih.

Zat niki disade wonten paket alit, wonten botol kaca alit ingkang isinipun 100 ml sarta reginipun antawis 3 €.

Ras sanesipun saking bakteri niki ngrusak larva kupu-kupu kubis (Pieris brassicae) kalihan ngenget Codling Moth (Cydia pomonella) (zat Biobit FC) sarta larva nyamuk.

Wekasanipun, warta paling saenipun: woh (umbi) kentang saged langsung didhahar salajengipun disemprot!

««« Artikel sakderengipun: Nanem umbi kembang kalihan winih Artikel saklajengipun: Kiwano – Cucumis metuliferus »»»

Sabtu 23.12.2023 20:59 | Cetak | Hama

Perkawis KPR

Logo of KPR - Kelompok Tani Slowakia
KPR - Paguyuban Pambudidaya Taneman punika organisasi ingkang budidayaake taneman internasional. Waos selajengipun...
Dundumake pengalamanipun Panjenengan perkawis nanem taneman. Seratake artikel perkawis budidaya tanduran, tetanduran, nanem taneman kalihan sanesipun. Lajeng siarake wonten ing jurnal Botanix edisi basanipun Panjenengan. Hubungi dalem

Category: Sedanten Hama Jamur Konifer Palem Pelem Suket Taneman toya Tatacara datheng tuwuhipun taneman Tetanduran Tetanduran Eksotis