Teh Cina – Nanem Teh Piyambak!
Winih Teh
Rikala tumuju pungakasanipun mangsa asrep, saben tukang kebon mikirake punapa ingkang badhe ditanem wonten ing mangsa salajengipun. Punapa Panjenengan ngraosake mboten tertantang malih kagem nanem tomat, lombok kalihan timun? Punapa Panjenengan kersa setunggalipun ingkang sanes? Setunggalipun ingkang langkung eksotis? Punapa pendapat Panjenengan perkawis ide kagem nanem teh piyambak taun saniki?!
Taneman Teh (Camellia) cacahipun wonten 50 spesies taneman perdu utawi wit-witan alit ingkang tansah ijem – saking dhaerah tropis kalihan subtropis, antawisipun ingkang paling terkenal sapunika taneman Teh Cina (Camellia sinensis). Taneman sepuh niki asalipun saking dhaerah Selatan kalihan Tenggara Cina kalihan negari-negari sacaketipun – India, Birma, Vietnam kalihan Laos, ingkang punika dibudidayakake ngantos berabad-abad. Sanadyan taneman niki dibudidayakake wonten ing sedaya dhaerah tropis, produsen-produsen ingkang paling wigatos taksih saking negari Cina, India, Sri Lanka kalihan Jepang.
Nanem teh sapunika mboten sisah. Bagian ingkang paling penting saking proses niki sapunika mendhet winih teh ingkang taksih seger, amargi winih-winih teh cepet ical viabilitasipun. Winihipun wujudipun bunder. Sadherengipun nanem Panjenengan kedah ngekum winih ngantos antawis 2 ngantos 3 dinten. Salajengipun, winih kedah ditanem wonten ing siti ingkang gadhah pengairan kalihan sirkulasi udara ingkang sae. Wonten ing suhu 20–25⁰ C, winih dados kecambah antawis 2–3 minggu. Menawi ditanem wonten ing panggenan kathah kenging sunaripun srengenge, anakan teh saged tuwuh cepet sanget kalihan taneman-taneman ingkang nembe tuwuh enem wulan sampun saged dipapras. Kalihan caranipun mapras ingkang leres, panjenengan saged dhamel setunggalipun mahkota ayu sarta angsal bahan mentah kagem produk teh Panjenengan piyambak.
Wonten ing dhaerah-dhaerah ingkang iklimipun tropis kalihan subtropis, wit teh saged ditanem wonten kebon, namung saenipun dirawat wonten ing lebetipun griya utawi griya kaca ingkang saged dhamel udara ingkang asrep kados es. Mangsa benter sarta tandonan toya sacukupipun sapunika kahanan ingkang sampurna kagem taneman teh – niki sapunika kondisi-kondisi ingkang teh saged tuwuh subur wonten negari-negari asalipun.
Menawi panjenengan mboten mendhel wonten ing iklim tropis, sanadyan teh ingkang Panjenengan tanem wonten kebon utawi tritis dhalemipun Panjengan piyambak menawi mboten menuhi aturan-aturan kualitas teh ingkang ditanem wonten ing dhaerah-dhaerah tropis, Panjenengan lajeng ngraos remen sanget rikala wit-witan teh saged nagturi Panjenengan kembang-kembang pethak ageng ingkang indah dados kagem upahan saking kepedulian panjenengan.
Menawi Panjenengan manggen wonten ing dhaerah es antawis mangsa asrep, saenipun Panjenengan dhekek taneman teh wonten ngandapipun ambang-ambang jendela. Saengga taneman teh tansah ijem sarta saged kirang cahaya matahari wonten ing mangsa asrep, lajeng mungkin saged ageng ron-ronipun wonten ingkang layu kalihan gugur. Namung ngoten, kalihan dhatengipun mangsa semi piyambakipun lajeng enggal saras sart Panjenengan saged metik ron teh malih!
««« Artikel sakderengipun: Cherimoya (Annona cherimola) Artikel saklajengipun: Palem tahan asrep Rhapidophyllum hystrix (Palem jarum) »»»
Sabtu 23.12.2023 21:04 | Cetak | Tetanduran Eksotis
Perkawis KPR
Dundumake pengalamanipun Panjenengan perkawis nanem taneman. Seratake artikel perkawis budidaya tanduran, tetanduran, nanem taneman kalihan sanesipun. Lajeng siarake wonten ing jurnal Botanix edisi basanipun Panjenengan. Hubungi dalem
Category: Sedanten Hama Jamur Konifer Palem Pelem Suket Taneman toya Tatacara datheng tuwuhipun taneman Tetanduran Tetanduran Eksotis